Urip saben dino
kudu biso mbagi
marang wektu papat
ojo podo lali
Papat iki dadi
nentrem marang ati
mulo papat iki
ayo do di udi
Wektu kaping siji
ngadep marang Gusti
koyo sholat poso
Al Qur'an yo di aji
Koyo moco Tahlil
Wiridan ojo lali
ugo Hizib Dalati
Sholawat Nabi
Wektu kaping pindo
niti ing lakune
apik opo olo
opo niti wengi
Opo golek Ridho
marang Pengerane
opo golek liyo
amreh pangeleme
Wektu kaping telu
kanggo golek ngilmu
wani adoh angel
perlu sowan Guru
Ojo mung alesan
anggone golek ngilmu
ora ono tembung
kasep ing tuwamu
Wektu kaping papat
kanggo enak-enak
tegese do direkso
anggone duwe awak
Ojo nganti ngoyo
awak gampang rusak
dahar're teratur
wong wedok gelem macak
|by : Kitab Tabbiqul Qohfilin|
|Gus Miek|
|Allohumma Yarham|
@[m].DIER-DIER.[m]
Share