GRIYO NGISOR

Peteng ndedet ora ono cahyo kang nyorong
Namung siti sak kiwo tengenipun sak paningalan
Sak jruning ati tansah ajrih menowo sampun titi mangsanipun
Pangeran bade paring piwales kang satimpal

Kulo mboten saget wangsul malih
Sanajan namung sak celegukan ngombe paribasane
Kelingan naliko semono kulo nglirwake pitedah saking pangeran kulo
Sampun telat menawi kulo nembe sadar sak meniko

Kedahipun sampun sak pantesipun kulo nampi siksa
Sakdermo nglampahi nopo sing kedah di lamahi
Kulo di lahirke kejobo mung pasrah nembah sujud marang Gusti kang Maha Agung
Lan kanti lembah manah nguruk sadayanipun kang dadek aken kulo hina

Sakderengipun kedadean ingkang sak tenane
Kulo ngajak dumateng rogo kulo supaya tansah eling
Lan tansah syukur wonten ngarsanipun Gusti Kang Maha Welas Asih
Mboten pantes kaulo durhaka lan rumongso resik lan bener

Gusti paringono kekiatan mugi tansah tetek anggonipun
Nglampahi sakdayanipun lan pinaring limpahan rahmat saking Panjenengan


@IZE
mendekatisurga-mendekatisurga.blogspot.com

Share

Penulis : Mendekati Surga ~ Sebuah blog yang menyediakan berbagai macam informasi

Artikel GRIYO NGISOR ini dipublish oleh Mendekati Surga pada hari Jumat, 27 Agustus 2010. Semoga artikel ini dapat bermanfaat.Terimakasih atas kunjungan Anda silahkan tinggalkan komentar.sudah ada 0 komentar: di postingan GRIYO NGISOR
 

0 komentar: